Poro Bapak, Poro Ibu
sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !
Langkung rumien monggo kulo lan
panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh
SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan
panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka
memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik
Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko
dipun catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan
Amin.
Ingkang kaping kalih mugio
tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng
junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan
sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo matur nuwun
dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge
mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken
ingkang sak sahe-sahenipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Alloh SWT sampun paring nikmat
dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten
saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an
وَ
اِنْ تَعُدُّوا نِغْمَةَ اللهِ لاَ تُحْصُوْ هَا
Ingkang
artosipun :
“Lan lamun
siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung“
Poro Rawuh ! Dene termasuk salah
setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso
Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal
17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah
Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah
dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang
ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum
penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas
lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim
Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang
Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang
kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus
1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
Pramilo kito kedah bersyukur dateng
Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri
kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman,
damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh
ampunan, lan Ridho Alloh. Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Qur’an surat
Ibrahim ayat 7
لَئِنْ
شَكَرْ تُمْ لاَءَ زِيْدَ نَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَا بِى لَشَدِيْدٌ
Ingkang
Artosipun :
“Demi yekti
lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun nambahi
nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku, mangko
saktemene sikso-Ku iku banget …….”
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi sangking meniko, kito ugi
kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih
payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan
Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken
doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut
kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh,
dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang
wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh
SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Sak meniko kito termasuk generasi
penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro
pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri
Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito
sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti,
tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan
Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing
ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro
pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi
kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi
kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin…..
لَقَدْ
غَرَسُوْا فَاءَ كَلْنَا وَإِنَّنَا لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ
نَا
Ingkang
Artosipun :
“Yekti
wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasa’ake marang jasa lan
sa’temene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso
mangan jasa kito.
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir monggo, putro-putri
kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang
sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung
jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin.
Kintenipun cekap semanten atur
saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan
umumipun dateng panjenengan sedoyo.
Masang pulut ning duwur cemoro
Menawi luput kulo nyuwun ngapuro
و
بالله التو فيق و الهداية
والسلا
م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
بخط
الفقير مفرو حين
بن
منوّ ر الجفسى

